rss
twitter
  •  

Kangen ama Bapak Gus Dur…. :(

| Posted in Catatan Harian |

2

Syair oleh oleh KH Abdurrahman wachid

ngawiti ingsun nglaras syi’iran
kelawan muji maring pengeran
Kang paring rohmat lan kenikmatan
Rino wengine tanpo pitungan

Duh bolo konco prio wanito
Ojo mung ngaji syareat bloko
Gur pinter ndongeng nulis lan moco
Tembeh mburine bakal sangsoro

Akeh kang apal Qur’an Haditse
Seneng ngafirke marang liyane
Kafire dewe dak digatekke
Yen isih kotor ati akale

Gampang kabujuk nafsu angkoro
Ing pepaese gebyare ndunyo
Iri lan meri sugehe tonggo
Mulo atine peteng lan nisto

Ayo sedulur jo nglaleake
Wajibe ngaji sak pranatane
Nggo ngandelake iman tauhide
Baguse sangu mulyo matine

Kang aran sholeh bagus atine
Kerono mapan seri ngelmune
Laku thoriqot lan ma’rifate
Ugo haqiqot manjing rasane

Comments (2)

Kalo kangen ama Gus Dur, main aza ke sini… biar ketemu saya :ngakak:

Gus Dur selalu dalam ingatan kita…………………..

Post a comment

:hihi: :hiks: :melet: :nangis: :ngakak: :puyeng: :sip: :sliweran: more »